Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning banawa Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Saliyané iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
Basa Jawa ya dadi salah siji panyumbang paling gedhé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa iku nduwé pangaruh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo istilah Jawa.
Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi :
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton
- bagongan (dianggo neng kraton ngayogyakarta adiningrat)
- kedhaton (dianggo neng kraton surakarta adiningrat)
- basa walikan (basa jawa prokem)
inggih punika basa sing diganti aksara konsonane miturut urutan honocoroko. contone : Dagadu ( artine matamu), Jape methe (artine cahe dewe), lsp.
Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarke tlatahe lan ora sekabehe dhialèk Jawa kuwi dimangarteni karo kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacakaé pamérangan miturut sawetara pakar ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar péta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné.